Hadege Nagari Lan Hadege Karaton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat

Illustrasi, Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat (Foto: Disbud DIY)


|Penulis: R. Muhammad Burhanudin|


|MertiBudaya| - Ngandharake Hadeging Nagari Dalem lan Hadeging Karaton Dalem Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, ora bisa ninggalake perjuangane Pangeran Mangkubumi kang ing tembe burine bakal jumeneng nata ing Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, kanthi gelar Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana Senapati Hing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah Hingkang Jumeneng Kaping Sepisan (Sri Sultan HB I).


Pangeran Mangkubumi kang asmane timur BRM Sujana, putrane Susuhunan Mangkurat Jawi (Mangkurat IV) karo Mas Ayu Tejawati.


1. Prajanjen Giyanti


Prajanjen Giyanti diadani ing dina Kemis Kliwon, tanggal kaping 30 Bakdamulud taun Be 1680 utawa surya kaping 13 Februari 1755.


Isi Prajanjen Giyanti kang wigati lan utama sarta mulya nyebutake bab pangangkatan Pangeran Mangkubumi jumeneng Sultan ing Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, sarta nglenggahi bumi separo wilayah wewengkon kukuban Mataram ing sajrone tanah Jawa.


2. Hadege Nagari Dalem


Pengetan Hadaging Nagari Dalem kang diadani saben taun ing Karaton Ngayogyakarta kuwi dhasare rikala Sri Sultan HB I hambayawaraake (mroklamasekake) Hadeging Nagari Dalem Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, rikala isih lenggah ana Pesanggrahan Ambarketawang ing dina Kemis Pon tanggal kaping 29 Jumadilawal Be 1680 utawa surya  kaping 13 Maret 1755. Sarta kanthi sinengkalan candra sengkala "Pak Dipo Nenem Anake" (Pak=Rampak, watege 0: Dipo=Dwipangga, watege 8: Nenem, wateg 6: lan Anake, wateg 1), angka 0861 yen diwalik dadi angka taun 1680 Jawa.


Dadi wiwite ana tata pamarentahan kang sabanjure kinaranan Nagari Dalem Ngayogyakarta kuwi laire secara resmi kawiwitan tanggal 29 Jumadilawal Be 1680, utawa surya  kaping 13 Maret 1755. Yakuwi sesasi sabakdane Prajanjen Giyanti rikala 13 Februari 1755.


3. Hadege Karaton Dalem


Papan kang dikersakake sarta pinilih kagem Hadeging Karaton Dalem yakuwi ana ing sacedhake Pesanggrahan Garjitawati, tlatah desa Pacethokan lan alas Beringan. Papan iki isih arupa alas, penere ana sawetane kali Winongo lan sakulone kali Code. Ana sakidule gunung Merapi lan saklore Segara Kidul.


Bangunan karaton karipta mujur ngalor-ngidul saarah karo garis sumbu Parangkusumo mangalor tumuju gunung Merapi. Dene anggone miwiti hambangun karaton katiti mangsa ing dina Kemis Wage tanggal 3 Sura taun Wawu 1681 utawa surya kaping 9 Oktober 1755.


Sabanjure sawetara pembangunan karaton wis kapanggalih cekap, Sri Sultan HB I banjur ngadani upacara boyongan saka Ambarketawang sarta upacara lenggahe sepisanan ana ing karaton enggal. Upacara lenggahe sepisanan ing Karaton Dalem katiti mangsa ing dina Kemis Paing tanggal kaping 13 Sura Jimakir 1682 utawa surya kaping 7 Oktober 1756, kanthi sinengkalan candra sengkala memet kang awujud ula loro jalu-estri kang nggubed pethite. Candra sengkala iki kawaos "Dwi Naga Rasa Tunggal" (Dwi=2, Naga=8, Rasa=6, Tunggal=1), angka 2861 yen diwalik dadi angka taun Jawa 1682.


Gandheng rikala samana Gedhong Kagungan Dalem Prabayeksa durung rampung, mula kagem sawetara Sri Sultan HB I lenggahe ana Gedhong Pasedhahan.


Tanggal 13 Sura Jimakir 1682 utawa surya kaping 7 Oktober 1756 iki kang sabanjure diagem pengetan Hadeging Karaton Dalem (*)



Lebih baru Lebih lama